PITIK
TUKUNG
Aku duwe
pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok
Ngendok pitu tak kremake netes telu
Kabeh trondol ndol_ tanpo wulu
Kabeh trondol ndol_ gawe guyu
Saben dina tak pakani jagung
Petok gogok petok petok
Ngendok pitu tak kremake netes telu
Kabeh trondol ndol_ tanpo wulu
Kabeh trondol ndol_ gawe guyu
PELEM-PELEM
MENTAH
Pelem-pelem
mentah
Entek-entek no entek entek no
Sisane sak gatut koco
Gatutkoco edan gatotkoco edan
Omahe plek emplekan
Kidul kidul kono kidul kidul kono
Ono lintang galo galo
Dak sumpingi opo dak sumpingi opo
Dak sumpingi godhong telo
Ela elo eno
Entek-entek no entek entek no
Sisane sak gatut koco
Gatutkoco edan gatotkoco edan
Omahe plek emplekan
Kidul kidul kono kidul kidul kono
Ono lintang galo galo
Dak sumpingi opo dak sumpingi opo
Dak sumpingi godhong telo
Ela elo eno
PAMAN
TUKANG KAYU
Paman
tukang kayu
Pripun solahdhiko graji kayu
Srok drung drung srok pung
Srok drung drung srok gung
Paman tukang kayu
Tek dung dung tek pung
Tek dung dung tek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko masah kayu
Srek dung dung srek pung
Srek dung dung srek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko maku kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko ngethok kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko nggorok kayu
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
Pripun solahdhiko graji kayu
Srok drung drung srok pung
Srok drung drung srok gung
Paman tukang kayu
Tek dung dung tek pung
Tek dung dung tek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko masah kayu
Srek dung dung srek pung
Srek dung dung srek gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko maku kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko ngethok kayu
Tok dung dung tok pung
Tok dung dung tok gung
Paman tukang kayu
Pripun solahdhiko nggorok kayu
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
Srek drung drung srek pung
Srek drung drung srek gung
PADHANG
REMBULAN
Ayo ayo do
dolanan ing plataran
Padang rembulan padange koyo rino
Padang gumilang sing dolan ora ono
Bocah dolan bocah dolan do reneo
Ayo poro konco ayo podo suko-suko
Dolanan jogetan tetembangan ing plataran
Padang rembulan padange koyo rino
Padang gumilang sing dolan ora ono
Bocah dolan bocah dolan do reneo
Ayo poro konco ayo podo suko-suko
Dolanan jogetan tetembangan ing plataran
KUPU KUWI
Kupu kuwi
tak incupe
Munglakumu ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Sopo biso ngincupake
Mentas menclok clegrok
Banjur mabur bleber
Munglakumu ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Sopo biso ngincupake
Mentas menclok clegrok
Banjur mabur bleber
KROTO-KROTO
Kroto-kroto
pentile mlinjo
Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali
Parenda parendi parenda parendi
Abang koyo dubang putih koyo utih
Manuk glatik kelire alus dadane
Sentak sentik ambegane
Sentak sentik ambegane
Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali
Parenda parendi parenda parendi
Abang koyo dubang putih koyo utih
Manuk glatik kelire alus dadane
Sentak sentik ambegane
Sentak sentik ambegane
KIDANG
TALUN
Kidang
talun mangan kacang talun
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus siji duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah belang seko tanah sebrang
Si gajah kecemplung blumbang
Mil ketemil mil ketemil
Si kidang mangan lembayung
Tikus siji duwe anak siji
Cicit cuwit cicit cuwit
Si tikus mangani pari
Gajah belang seko tanah sebrang
Si gajah kecemplung blumbang
KEMBANG
JAGUNG
Kembang
jagung omah kampung pinggir lurung
Jejer telu sing tengah bakal omahku
....... munggah guwo mudun ......
Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo
Maju kowe tatu mundur kowe ajur
Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu
Iki lho dodo satriyo
Iki lho dodo janoko
Jejer telu sing tengah bakal omahku
....... munggah guwo mudun ......
Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo
Maju kowe tatu mundur kowe ajur
Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu
Iki lho dodo satriyo
Iki lho dodo janoko
JAGO KATE
Jago kate
tetete kukuruyuk_kok
...........
Dibalang watu uncag-uncug _keok
Keno telihe doh layune_jrantal
Mari umuk mari ngece
Si kate katone nyekungkung
...........
Dibalang watu uncag-uncug _keok
Keno telihe doh layune_jrantal
Mari umuk mari ngece
Si kate katone nyekungkung
BUTHO-BUTHO
GALAK
Buto-buto
galak solahe lonjak-lonjak
Ngadek sigrak-sigrak
Nyandak punco nuli tanjak
Balin ngadek maneh rupane ting cenoleh
Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh
Lawong kowe sing marah-marahi
Lawong kowe we we we sing marah-marahi
Rupamu kok ngono hi....hi... aku wedi
Ayo konco podo bali
Galo kae galo kae
Rupane terak-terok rok.... rok.... rok.... rok....
Matane plerak-plerok rok.... rok.... rok.... rok.....
Yo kulite ambengkerok
Ngadek sigrak-sigrak
Nyandak punco nuli tanjak
Balin ngadek maneh rupane ting cenoleh
Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh
Lawong kowe sing marah-marahi
Lawong kowe we we we sing marah-marahi
Rupamu kok ngono hi....hi... aku wedi
Ayo konco podo bali
Galo kae galo kae
Rupane terak-terok rok.... rok.... rok.... rok....
Matane plerak-plerok rok.... rok.... rok.... rok.....
Yo kulite ambengkerok
ESUK-ESUK
Esuk-esuk
srengengene lagi metu
Nyuwun pangestu kang putra bade sinau
Awan-awan srengengene eneng tengah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah
Sore-sore sinau ono ing sabak
Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak
Nyuwun pangestu kang putra bade sinau
Awan-awan srengengene eneng tengah
Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah
Sore-sore sinau ono ing sabak
Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak
CUBLAK-CUBLAK
SUWENG
Cublak-cublak
suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere
Sapa ngguyu ndelikake
Sir-sir pong dhele kopong
Sir-sir pong dhele kopong
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak empong lera-lere
Sapa ngguyu ndelikake
Sir-sir pong dhele kopong
Sir-sir pong dhele kopong
SLUKU-SLUKU
BATHOK
Sluku-sluku
bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleke dhuwit
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleke dhuwit
LIR-ILIR
Lir-ilir,
lir-ilir
Tandure wes sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimnbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodotiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!!
Tandure wes sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimnbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodotiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!!
PADHANG
BULAN
Yo
prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore-sore
Padhang mbulan padhange kaya rina
Rembulane kang ngawe-awe
Ngelingake aja turu sore-sore
JARANAN
Jaranan-jaranan,
jarane jarean teji
Sing numpak ndoro bei
Sing ngiring para mantri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher
Sing numpak ndoro bei
Sing ngiring para mantri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher
MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthoktak
kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokyo aja dolan
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu
Mung solahmu angisin-isini
Bokyo aja dolan
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu
GUNDUL-GUNDUL
PACUL
Gundul-gundul
pacul...cul, gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gembelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Nyunggi-nyunggi wakul...kul, gembelengan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
Wakul ngglimpang, segane dadi sakratan
DHONDONG
OPO SALAK
Dhondhong
opo salak
Dhuku cilik-cilik
Andhong opo mbecak
Mlaku dimik-dimik
Dhuku cilik-cilik
Andhong opo mbecak
Mlaku dimik-dimik
GAJAH-GAJAH
Gajah-gajah
Mrene tak kandhani jah
Mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kopat-kapit
Sikil koyo bumbung
Mung mlakumu megal-megol
Mrene tak kandhani jah
Mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhe
Kathik nganggo tlale
Buntut cilik, tansah kopat-kapit
Sikil koyo bumbung
Mung mlakumu megal-megol
JAMURAN
Jamuran yo
gege thok
Jamur opo yo gege thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhe jamur opo
Jamur opo yo gege thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhe jamur opo
SUWE ORA
JAMU
Suwe ora
jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
K’temu pisan gawe gela
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
K’temu pisan gawe gela
KEMBANG
JAMBU
Kembang
jambu karuk
Lintang rina jare esuk
Jenang tela gethuk
Omah jaga aran cakruk
Pitik mabur kuwi manuk
Lintang rina jare esuk
Jenang tela gethuk
Omah jaga aran cakruk
Pitik mabur kuwi manuk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar