Jumat, 20 Maret 2015

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA


Assalammualaikum  Wr. Wb.
Bapak ibu guru ingkang tansah kula hormati. Sedaya kanca kelas sanga ingkang tansah kula tresnani.
Sakderenge kula matur sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puja puji syukur wonten ngarsane gusti Alloh SWT. ingkang sampun paring pinten pinten rohmat taufik lan hidayah sahingga kita kabeh saget makempal  ing adicara punika. Para bapak ibu lan kanca sedaya ing wanci punika kula perlu ngaturaken lan ngandarake ning bab siaran tv opo sing ngilangake seni tradisional?
Pancen ing jaman saiki akeh siaran2 tv sing maksude atur hiburan marang penonton supaya bisa seneng lan marem. Yo mung racake siaran2 tv mau sifate kekinian/modern. Contone : siaran sinetron, orkes, kuis, lan film2 liyane sing sifate hasil karya sutradara modern. Ing mangka masyarakat Indonesia satemene isih akeh sing padha pengin supaya siaran tv ngendi wae iku bisa muat seni budaya tradisional. Yaiku seni budaya daerah contone: jaranan, reog, ketoprak,ludruk, wayang wong lan budaya2 liyane. Mula saka iku aku dewe uga duwe usulan ning pemerintah supaya bisa gawe UU sing ngatur keseimbangane siaran budaya modern karo siaran budaya tradisional. Supaya masyarakat Indonesia bisa luwih ngrasakne marem lan seneng nonton siaran tv ing saben dinane. Muga2 usulanku iki bisa ditindaklanjuti pihak pemerintah… Amin.
Sawetara cukup semene anggonku pidhato, yen ana tutur basa sing kliru lan gawe ora renane penggalih para bapak ibu guru lan kanca, aku tansah nyuwun agunging pangapura.
Wassalamualaikum  wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar