Rabu, 24 September 2014

SOAL BAHASA JAWA SMP - 10 Soal

SOAL BAHASA JAWA

1.  Ana catur mungkur tegesipun … .
a. Akeh alesan nanging gelem nindakake.
b. Guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.
c. Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
d. Nacad sejatine melik.

2.  Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung camboran yaiku ... .
a. Karo sedulur iku sing guyub rukun, aja mung tukaran wae.
b. Rukune kaya mimi lan mintuna.
c. Sanajan pinter dheweke tetep andhap asor.
d. Ibu mundhut semar mendem kanggo arisan mengko bengi.

3.  Ukara-ukara ing ngisor iki mujudake ukara pitakon yaiku ... .
a. Wacanen resep saka Pak Dhoter iku!
b. Sapa nandur bakal ngundhuh.
c. Apa kang dadi gegayuhanmu muga-muga bisa kasembadan.
d. Apa kang njalari lara demam berdarah iku?

4.  Ukara-ukara ing ngisor iki migunakake tembung saroja, kejaba ... .
a. Tindak-tanduke Suti pancen apik banget.
b. Tata krama iku kudu lumrah kanggo sapa wae.
c. Muga-muga ora ana godha rencana.
d. Aku wingi mangan randha royal entek papat.

5.  Anak kudu bekti marang wong tuwa. Apa dasanamane tembung anak?
a. tanaya, yoga, siwi, sunu
b. rama, sudarma, sudarmi, yayah
c. biyang, indhung, rena, wibi
d. dwija, muni, resi, wiku

6.  Dewi anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur kendel. Maca gegurutan kaya Dewi iku ateges nggatekake ... .
a. wirasa
b. wiraga
c. wicara
d. wirama

7.  Ukara-ukara ing ngisor iki kang migunakake tembung kosok balen yaiku ... .
a. Gedhe cilik, lanang wadon, tuwa enom kabeh padha nonton reyog ing Bale Desa.
b. Tarmi iku bocahe ayu tur pinter tata krama.
c. Aku ora ngerti bibit kawite prakara iku.
d. Ulah raga iku bisa ndadekake awak tansah bagas waras.

8.  Minggu kepungkur Pak Lurah sakulawarga tindak Jakarta. Miturut surasane ukara iku kalebu ukara apa ?
a. ukara pitakon
b. ukara pangajak
c. ukara pamenging
d. ukara carita

9.  Warga masyarakat padha sayuk ... ndadani dalan kang rusak. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara iku ... .
a. rukun
b. guyub
c. kridha
d. karsa

10.  Pratelan-pratelan ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi guru sastra yaiku ... .
a. Inggah inggih nanging ora kepanggih.
b. Yitna yuwana lena kena.
c. Lamun wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun pangaksama.
d. Tuwas sayah ora paedah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar